FORUM LASKAR ISLAM
welcome
Saat ini anda mengakses forum Laskar Islam sebagai tamu dimana anda tidak mempunyai akses penuh turut berdiskusi yang hanya diperuntukkan bagi member LI. Silahkan REGISTER dan langsung LOG IN untuk dapat mengakses forum ini sepenuhnya sebagai member.

memahami rezeki Follow_me
@laskarislamcom

Terima Kasih
Salam Admin LI


Join the forum, it's quick and easy

FORUM LASKAR ISLAM
welcome
Saat ini anda mengakses forum Laskar Islam sebagai tamu dimana anda tidak mempunyai akses penuh turut berdiskusi yang hanya diperuntukkan bagi member LI. Silahkan REGISTER dan langsung LOG IN untuk dapat mengakses forum ini sepenuhnya sebagai member.

memahami rezeki Follow_me
@laskarislamcom

Terima Kasih
Salam Admin LI
FORUM LASKAR ISLAM
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

memahami rezeki

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Go down

memahami rezeki Empty memahami rezeki

Post by darussalam Wed Nov 16, 2016 8:09 am


الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِى وَفَّقَ عِبَادَهُ الْمُؤْمِنِيْنَ لِاَدَاءِ الْاَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً اَرْجُو بِهَا رَفِيعَ الدَّرَجَات. وَاَشْهَدُ اَنّ سَيِّدَ نَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْمُعْجِزَاتِ. اَللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَاَصْحَابِهِ اُولِى الْفَضَائِل وَالْكَرَامَاتِ.
اَمَّا بَعْدُ , فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ. اِتَّقُوا اللهَ بِامْتِثَالِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَاجْتِنَابِ الْمَنْهِيَّاتِ. وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ اِلَى اللهِ ثُمَّ تُوَفَّى كُلُّ نَفْسٍ مَا كَسَبَتْ وَهُمْ لاَ يُظْلَمُوْنَ .
Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah
Monggo kito boten kendel-kendel kangge senantiasa ningkatken kwalitas ketakwaan kito dumateng Allah SWT, ingkang mboten sanes inggih puniko kanti nglampahi sedoyo perintah-Ipun soho ninggalaken sedoyo larangan-Ipun, kranten kanti takwalloh punikolah manungso bade angsal kebahagian ugi kemuliaan ingkang hakiki serto derajat ingkang ingggil minggahipun Allah
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Gesang, pejah, jodoh soho rizqi wonten ing tangan Allah swt, manungso namung kagungan hak berikhtiar anggenipun. Ananging sedoyo keputusan wonten ing tangan-Ipun. Sangkeng sekawan hal kesebat (gesang, pejah, jodoh lan rizqi) manungso seringkali langkung disibuk-aken kanti urusan rizqi. Dibandingken tigang hal ingkang lintunipun. Maklumlah gesang taseh dipun nikmati, howo taseh saget dipun sedot ing ndalem ronggo dodo lajeng didaleken maleh tanpo kedah tumbas. Sedo kraos wonten tebih sanget, hamper mboten wonten ingkang sumerap pasti kapan bade dugi. Sedangkan jodoh kantun nglampahi.
Kranten punikolah katahipun manungso bade kraos sedih menawi ditebihi rizqi, ugi kraos seneng menawi dihibur kalian rizqi. Katah tiang ingkang berubah dados manungso religius wakdal wonten ing kesusahan. Rajin ndingo, beribadah, tawakkal ugi rajin bersedekoh meskipun sekedik. Anaging sakwangsulipun, wakdal manunso wonten ingdalem kelonggaran, piyambak-ipun bade mengurangi keintimanipun kaliyan Ingkang Mooa Kuoso, bahkan sering sanget supe kalian dungo, ingkang sering diwahos wakdal kesusahan ngingingi. Menawi wakdal susah sholat berjamaah dados kebutuhan, ananging wakdal longgar sholat berjamaah dados gangguan. Menawi Wakdal susah sholat maghrib estu khusyuk-ipun, lan wakdal longgar sholat magrib saksempat-ipun. Naudzubillah min dzalik. Kados-kadoso harta benda lan duniawi inggih puniko segalanya.

Jama’ah Jum’ah ingkang dimuliaken Allah
Kanti mekaten kintene perlu kito mengkaji melih. Nopoto leres dunyo puniko kedah selalu diuber? Padahal dunyo semakin diuber semakin bade nebihi kito. Wakdal setunggal tiang kagungan griyo, lajeng kepingin piyambak-ipun nglengkapi kalian kendaraan mewah. Wakdal kekalihipun sampun serasi, manungso ngingingaken renovasi. Wakdal renovasi rampung, ugi perlu tambah kendaraan melih lan selajengipun.
Kados biasanipun, dinten puniko Ali bin Abi Thalib bangsul langkung sonten menjelang asar. Fatimah binti Rasulullah menyambut kerawuhan kakungipun ingkan sedino bleng pados rezeki kanti sukacita. Sinten ngertos Ali mbekto arto langkung katah, kranten kebutuhan wonten griyo langkung ageng.

Saksampunipun kesele ical, Ali matur dateng Fatimah. "Ngapunten, dinten niki kulo mboten mbekto arto sepeserpun."Fatimah nyahuti kanti mesem, "Pancen leres ingkang ngatur rezeki mboten lenggah wonten pasar pasar, nopo mboten ngaten? Ingkang kagungan kuwoso inggih puniko Alloh Ta'ala." "Sembah nuwun," jawab-ipun Ali. Mripatipun memberat lantaran Estri-nipun begitu tawakal. Padahal persediaan dapur sampun ludes resik. Toh Fatimah mboten menunjukan sikap kecewo utawi sedih.

Ali lajeng berangkat dateng masjid anggen menjalanaken sholat berjama'ah. Bangsulipun sangkeng sholat, wonten radosan piyambak-ipun dipu cegat setunggal tiyang sepuh. "Ngapuntene cah enom, nopo leres sampean Ali putronipun Abu Thalib?" Áli menjawab kanti heran. "Inggih leres. Wonten punopo, Tuan?''
Tiyang sepah puniko ngerogoh kesak-ipun kanti njawab, "Rumiyen ayah sampean nate kulo kengken nyamak kulit. Kulo dereng sempat mbayari ongkos-ipun, ayah sampean sampun sedo. Dados, jenengan terampi arto puniko, sebab jenengan-lah ahli waris-ipun." Kanti gembiro Ali ngalap hak-ipun sangkeng tiyang sepah kolowau agengipun 30 dinar.
Tentu mawon Fatimah sanget gembiro angsal rezeki ingkang mboten dipun songko-songko wakdal Ali nyeritak-aken kejadian puniko. lajeng piyambak-ipun ngutus mbelanjak-aken sedoyo supados mboten pusing-pusing maleh merisaukan keperluan bendintenipun.
Ali pun enggal-enggal berangkat dateng peken. Sakderengipun mlebet dateng peken, piyambak-ipun ningali setunggal tiyang fakir nadongaken tangan, "Sinten tiyang ingkang kerso ngutangaken harta-nipun kangge Alloh, sodaqoh-qken kangge kulo, tiyang musafir ingkang ketelasan bekal wonten perjalanan." Tanpo mikir panjang lebar, Ali maringaken sedoyo arto-nipun dateng tiyang kolowau.
Wonten wakdal piyambak-ipun bangsul, lajeng Fatimah keheranan ningali suami-nipun mboten mbeto punopo-punopo, Ali nerangaken peristiwo ingkang nembe mawon dipun alami. Fatimah, taseh mesem, rembak, "Keputusan kakang inggih puniko, nggeh bade kulo lampahi seumpami kulo ingkang mengalami. Langkung sae kito ngutangken harta dumateng Allah daripada bersifat medit ingkang dipun murkai, lan nutupi pintu surgo kangge kito."
Jama’ah jum’ah ingkang dimuliaken Allah
Kedadosan wonten inggil nunjuk-aken bilih manungso sebagai penerimi rizqi dituntut supados mampu memahami coro kerjo utawi karakteristik rizqi sebagai peparing Allah swt. Rizqi saget dumugi tanpo diundang ugi saget mengkrih tanpo dipun-usir. Kranten puniko kito supados mboten terlalu ongso-ongso mikirken rizqi, cobi kito nyambut damel kanti manah ingkang tenang. Insyallah rizqi puniko bade nemoni kito. Nyambut damel kanti penuh semangat, medal sangkeng griyo kanti balapan kalian munculipun serngingi, bangsul dateng griyo kanti surup-ipun serngingi. Sedoyo kolowau saget langkung bermakna menawi kito lampahi keihlasan manah ugi ketetapan jiwo, bilih Allah swt sampun mengatur sedoyo rizqi kito.
Allah kagungan berbagai hikmah wonten pemberian rizqi. Wonten ingkang Allah dadosaken sugih kanti katah-ipun rizki ugi harta. Wonten melih ingkang dipun dadosaken miskin. Wonten hikmah berharga di balik puniko sedoyo. Allah Ta’ala dawuh,

وَاللَّهُ فَضَّلَ بَعْضَكُمْ عَلَى بَعْضٍ فِي الرِّزْقِ
“Lan Allah ngluwihi sebahagian siro songko sebagian kang liyan ing-ndalem hal rizqi.” (QS. An Nahl: 71)
Dalam ayat lintu disebataken,

إِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ إِنَّهُ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
“Saktemene Pengeranmu jembarno rezki marang sopo kang den karepake lan nyupetno; Saktemene Kang Moho ngaweruhi lan Moho mirsani marang kawulo-kawulone.” (QS. Al Isro’: 30)
Wonten panggenan lintu, Ibnu Katsir nerangaken firman Allah,

وَلَوْ بَسَطَ اللَّهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهِ لَبَغَوْا فِي الْأَرْضِ وَلَكِنْ يُنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَا يَشَاءُ إِنَّهُ بِعِبَادِهِ خَبِيرٌ بَصِيرٌ
“Lan lamun Allah jembarno rezki marang kawulo-kawulone tentulah arep mngluwihi bates ing ngarep bumi, tetapine Allah nurun-no opo kang den taqdirake kanti ukuran. Sak temenih Alloh Moho Ngaweruhi (keadaan) kawulo-kawulo-ne ani Moho Ngaweruhi.” (QS. Asy Syuraa: 27)
Beliau rahimahullah lajeng njelasaken,“Mbok bilih Allah maringi kawulo kasebat rizki langkung sangking kebutuhan-nipun, tentu piyambak-ipun akan melampaui batas, lelampahan kurang ajar setunggal lan sanesipun, serto bade bertingkah sumbung.” Selajengipun Ibnu Katsir njelasaken malih, “Ananging Allah maringi rizki dating kawulo sesuai sesuai kalia pilihan-Ipun igi Allah selalu ningali ingkang pundi maslahat kanggene. Allah tentu langkung nyumerapi pundi ingkang paling sae kanggene kawulo. Allah-lah ingkang maringi kekayaan kangge sinten ingkang Alloh nilai pantes nerampi. Ugi Allah-lah ingkang maringi kefakiran kangge sinten mawon ingkang Alloh nilai pantes nerampi.”
Wonten sebuah hadits disebataken,

إن من عبادى من لا يصلح إيمانه إلا بالغنى ولو أفقرته لكفر، وإن من عبادى من لا يصلح إيمانه إلا الفقر ولو أغنيته لكفر
“Sakmestine ono ing antarae kawuloku-Ku, keimanan barulah dadi-ake apik menowo Allah maringake kekayaan kanggone. Sak-umpomo Allah ndade-ake miskin, tentu arep kufur. Lan antarane kawulaku-Ku, keimanan barulah apik, menowo Allah maringake kemiskinan anggene. Sak-umpomo Allah ndadek-ake sugih kanggone, tentu deweke arep kufur”.
Lajeng nopo ingkang sampun kito terampi Sangkeng Alloh wonten kehidupan puniko mboten klentu merupakan ketetapan. Adapun ikhtiyar manungso inggih puniko kewajiban.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بمَا فيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

















Khutbah ke II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
اَمَّا بَعْدُ. فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى,
وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى, اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ .وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ, وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ, اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ, اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ, وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْن,َ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ, وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْن,َ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ, وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ, وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ, وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ, عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً, وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

darussalam
darussalam
Co-Administrator
Co-Administrator

Male
Posts : 411
Kepercayaan : Islam
Location : Brunei Darussalam
Join date : 25.11.11
Reputation : 10

Kembali Ke Atas Go down

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Kembali Ke Atas

- Similar topics

Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik